Text
Cinencang Lawe
Sumlorote surya saka wetan
nggandheng lelakon kang ora bisa disinggitna.
nalika sikil mecaki bumi sajak ana kang nggandhuli
krikil-krikil rumpil dadi godhane lelaku
sapa ngira menawa nganti nemahi lelakon kaya mangkene
umpama sadurunge ngerti mesthi bakal endha
Tidak tersedia versi lain