Text
Lintang Panjer Esuk
Crita iki saka pengalaman pribadi, pengalaman lan crita saka kadang mitra, imajinasi lan perenungan. Papan-papan kang katulis ing crita iki, panggonan sing nate diambah penulis, kajaba crita cekak "Uwit Natal" kang mujudake alih basa (terjemahan). Dene jeneng pawongan ing crita iki dudu jenenge pawongan kang sabenere, mung kanggo nggampangake aluring crita. Mula yen ana jeneng kang madhani asmane pemaos iku mung dhapur kebeneran. Kapilihe judhul "Lintang Panjer Esuk" ora ateges crita iki kang paling apik, mung salah sijine tuladha laku spiritualitas (religius) kang dianut penulis.
Saka 17 judhul crita cekak ing buku iki, ana patang judhul kang nggunakake basa krama. Dene sing 13 judhul tetep nggunakake basa jawa Gagrag Anyar (ngoko). Ora ana niyat liya dene ana sing nganggo basa ngoko lan ana sing nganggo basa krama. Marga niyate penulis nerbitake buku iki mung nedya ndhokumentasi (nyimpen) karyane penulis kang awujud crita cekak, lan ing pangajab uga biasa nambahi kaskayane sastra Jawa sing saya kasingkur saka tengah-tengahing bebrayan Jawa dhewe.
| 19.1388 | 418 HOE l c.1 | Libsmansabara (400) | Tersedia |
| 19.1389 | 418 HOE l c.2 | Libsmansabara (400) | Tersedia |
| 19.1390 | 418 HOE l c.3 | Libsmansabara (400) | Tersedia |
| 19.1391 | 418 HOE l c.4 | Libsmansabara (400) | Tersedia |
| 19.1392 | 418 HOE l c.5 | Libsmansabara (400) | Tersedia |
| 19.1393 | 418 HOE l c.6 | Libsmansabara (400) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain