"Mas, Katresnanku marang kowe jero banget pindha jerune samudra kuwi. Ewa semana banyune isih kagulung angin nganti nuwuhake alun kang gedhe. Kabeh ora bisa diselaki pancen lakune kudu kaya mangkono. Saiki awake dhewe kudu bisa ngetutna lakon kang wis tinakdir wae."
Kepiye satemene crita kang ana gegayutane karo kuliner ndesa iki? Mesthi ora ucul karo cinta crita asmarane bocah-bocah nom saiki, sing pancen digarap lucu lan nyengsemake. Sing cetha crita sajrone novel iki muyeg ulet-uletan lan ora bakal gawe waleh sing padha maca.